Sokran: "Mak... mak... jarene bapak munggah pangkat yo mak..?"
Emak : "Iyo le... opo'o le awakmu takon..??
Sokran : "Bapak lak oleh mobil dinas mak..? mbok yo digowo
muleh sekali-kali, ben iso tak gawe mlaku2 karo minthul pacarku mak.."
Emak : "Ora enak karo tonggo-tonggo le..."
Sokran : "Halahh mak... mobil-mobile dewe yo ben toh...."
Emak : "Yo wis... mengko tak matur karo bapakmu.."
Sesuke.....
Sokran : "Mak... mak...!!"
Sokran : "Mak... mak...!!"
Emak : "Lapo toh le... bengak-bengok wae...??"
Sokran : "Iku ono mobil sedot tinja nang ngarep kuwi lapo toh mak...??"
Emak : "Yo kuwi mobil dinase bapakmu le..."
Sokran : "Loh.... wadohh..."
Emak : "Oh iyo le, iku kuncine nyantol nang lemari. Jare
bapakmu nek mbok gawe mlaku-mlaku, ati-ati kecer le.... isine sik kebak
le....!!"😄😄😄😄😅😅😜😜
Tidak ada komentar:
Posting Komentar