Kamis, 19 Mei 2016

Humor #16, Reuni

Whatsapp tanggal 12 April 2016 pukul, 15:07

 Reuni

Sudrun rencana arep nekani reuni SD ndik Bangil. Janjian karo 4 konco wedok saka alumni sing arep dijak barengan. Kabeh ditelpon dipeseni wanti2 " wis sampean nunggu ndik halte ngarepe toko roti matahari... yo ... Insya Allah tak petuk"
Pas dinone, Sudrun sesuai janjine ngampiri konco wedoke sing arep budal bareng.
"Nyang endi arek2 iki, kok gak ono" Sudrun mbatin.
Dilewati toko roti matahari, nganti ping telu. Suwe2 karo rodo mbesengut, Sudrun telpon salah siji koncone
" Lho sampean sido reuni tah?"
'Yo sido"
"Lha sampean ngenteni ndik endi ?"
"Lho jare dikon nunggu ndik ngarep toko roti matahari"
"Aku liwat kono kok gak ono"
"Lhoh yak opo sih aku wong papat nunggu ndik ngarepe toko roti matahari Wis ket mau Nganti garing kulitku"
"Wah...wah...blaen....aku wis ping telu lewat kono gak ono sopo2, cuma ono wong tuwek papat jilbabpan"
"Lho yo iku aku, karo konco2"
"Astaghfirullah......lali aku yen kene wis podo tuwek... tak pikir ijik koyo biyen" πŸ˜†πŸ˜†πŸ˜†πŸ˜†

Tidak ada komentar:

Posting Komentar